Senin, 22 Agustus 2011

Critane Roti Apem



Sawijining bengi ing stasiun kutha, ana wong wadon kang lagi ngenteni sepur kang arep bali. Sakaro ngenteni tekaning sepur, wong wadon kuwi mau banjur tuku buku lan sakbungkus roti apem anget ing plataran stasiun.  sawise tuku, banjur njagong ana ing kursi kanggo nunggu tekaning sepur.  Sakaroning njagong wong wadon kuwi mau maca buku kang dituku mau, ora let suwe ana wong lanang kang njagong ing sebelahe lan njupuk roti ing antaraning wong loro kuwi.
Wong wadon kuwi ngebenake wong lanang kuwi mau njupuk roti kuwi, ben ora ana ribut – ribut. nanging tetep wae wong kuwi isih nekat ngentekake roti kuwi,  nalika wong wadon kuwi njupuk siji wong lanang kuwi uga njukut siji. Wong wadon kuwi uga mikir, “nek aku dudu wong becik wae, wis tak jotos wong iki,”.
Nalika roti kuwi kari siji wong lanang kuwi banjur njupuk lan mbagi roti kuwi dadi loro lan nawakkake marang wong wadon kuwi mau. Wong wadon kuwi banjur ngrebut lan isih mikir, “kendel timen wong lanang iki..?, kayane aku durung tau saksebel iki,”
Nanging wong wadon kuwi banjur lega, nalika sepur sing arep di tumpaki teka, lan nyiapake barang – barang kang arep di gawa, uga nolak noleh ing nggone maling roti kang ora nduweni rasa matur nuwun, 
Wong wadon kuwi banjur munggah ing sepur  lan njagong, uga ngluru buku kang emeh rampung anggone maca, nanging pas lagi luru bukune ing saknjeroning tas, ana sakbungkus roti. “whalah, jan-jane rotiku isih,  lan roti sing dak pangan iku pancen rotine wong lanang mau kang pancen dibagi karo aku”. Telat anggonku njaluk ngapura.
[ing urip iki akeh banget kedadean kaya mengkono, biasane dewe nyangka wong liya luwih ina, nanging sejatine dewe kang kurang Instropeksi Diri]         

0 komentar:

 

Subscribe to our Newsletter

Contact our Support

Fb:facebook.com/farid.ahmadi1

Our Team